Upacara Pengetan Ambal Warsa Daerah Istimewa Yogyakarta kaping 271
Upacara Pengetan Ambal Warsa Daerah Istimewa Yogyakarta kaping 271 ing SMAN 1 Ngemplak
SMAN 1 Ngemplak nganakake upacara pengetan Ambal Warsa Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) kaping 271 ing dina Jemuwah, 13 Maret 2026, ing lapangan sekolah. Upacara menika kalaksanakake kanthi ngginakaken basa Jawa minangka wujud pangajeng-ajeng lan pakurmatan dhumateng kabudayan Yogyakarta ingkang sampun turun-temurun dilestarèkaké.
Upacara dipuntindakaken dening sedaya siswa kelas X, XI, lan XII, ugi bapak-ibu guru saha karyawan SMAN 1 Ngemplak. Kegiatan menika kalampahan kanthi khidmat lan tertib, nggambarake semangat warga sekolah ing nguri-uri lan nglestantunaken kabudayan daerah.
Pengetan Ambal Warsa DIY taun menika dados wekdal ingkang wigati kangge ngenang sejarah dawa madegé Daerah Istimewa Yogyakarta, sarta nuwuhaké rasa tresna dhumateng kabudayan lan nilai-nilai luhur warisan para leluhur. Lumantar kegiatan menika, dipunajab sedaya warga sekolah saged langkung mangertosi teges lan makna keistimewaan Yogyakarta, ingkang boten namung dumunung ing sejarahipun, nanging ugi wonten ing nilai kabudayan, pendidikan, lan semangat gotong royong masyarakatipun.
Ing amanatipun, Pangarso pawiyatan ngaturaken bilih pengetan Ambal Warsa DIY menika dados kesempatan tumrap para generasi mudha kangge niru lan ngetutaké semangat perjuangan para tokoh ingkang sampun mbangun Yogyakarta dumugi dados daerah ingkang istimewa kados samenika. Kajaba menika, para siswa ugi dipunajab saged njaga saha nglestantunaken kabudayan lokal minangka pérangan saking jati diri masyarakat Yogyakarta.
Ambal Warsa DIY kaping 271 taun 2026 ngusung tema “Mulat Sarira Jumangkah Jantraning Laku”, kedah kinanthi gemblenging cipta-rasa-karsa. Cipta kang wening, sepi ing pamrih. Rasa kang hamung kagubel dening pikolehe rasa-jati. Sarta karsa kang nebihake rasa kapilut ing hawa-nepsu awit boya seyos hamung darbe wajib nuhoni dharmaning bekti mring nagari.
Lumantar pengetan menika, dipunajab sedaya warga SMAN 1 Ngemplak saged saya ngrembaka raos bombong dados pérangan saking masyarakat Yogyakarta, sarta tansah ngugemi lan nglestantunaken kabudayan daerah ing tengahing perkembangan jaman.
(Sugeng bagya)